Old school Easter eggs.

22122009174
NYUWUN TAUFIQ

Mugi Gusti paring taufiq dateng tiyang
pemimpin, rakyat, petani lan pedagang
sinten mawon kang pireng adzan sembahyang
supadosa sedaya purun sembahyang

Lan uga mugi dateng sedaya tiyang
kang siweg repot ngurusi pangan lan sandang
repot sebab ngurusi sawah lan ladang
mugi sedayanipun purun sembahyang

NYUWUN PADANGE ATI

Aduh Gusti kula nyuwun padange ati
uripaken ati ingkang sampun mati
suci aken saking sifat sombong lan iri
nifak, ujub, sum'ah lan pengen dipuji

Aduh Gusti kula nyuwun taufiq lan hidayah
supados saged ngelampahi ibadah
kula nyuwun pinaringan istiqomah
sareng nyuwun pejahipun husnul khotimah

DOA KANGGE TIYANG SEPUH LAN ANAK

Aduh Gusti mugi Gusti paring ngapura
dumateng tiyang sepuh kalih kula
lan lebetaken mereka teng suwarga
sareng slametaken saking siksa neraka

Aduh Gusti paringana taufiq lan hidayah
dateng tiyang sepuh supados sholat jamaah
paringana mereka husnul khotimah
lan dadosaken ahlut taqwa lan ahlul jannah

Duh Gusti kula nyuwun dateng panjenengan
anak ingkang solih-solihah lan beriman
ingkang taat dateng tiyang sepuh lan Pengeran
ingkang sae akhlaq ipun lan berpendidikan

Ket: lagu Ilahi lastu lil firdausi ahla

Karya: Irfanun Nada

Halaman awal dilaga